Kamis, 04 September 2008

Tembang Gaweanku Dhewe

Mijil
Sang Widodo guru ningsun mijil
Lamat-lamat katon
Sugeng rawuh ing palenggahane
Pra siswa gya sami anyungkemi
Arep padha nyantri
Tembang sastra lagu

Sugeng rawuh para tamu yekti
Kabeh padha katon
Pambuka mijil tetembangane
Mugi jinurung puji basuki
Jaya wijayanti
Estu kanthi syukur

Pocung
Putra iku rejekine wong tinemu
Nadyan lawas-lawas
Ikhlase tyas angiringi
Sedya laku Gusti paring kula nrima

Ngelmu iki kalakone kanthi guru
Nuladha kang tama
Kudu gelem dituturi
Ngiku banget maedahi ing wusana

Iki wulan wus wayahe mudhun udan
Cepaka jas udan
Yen kudanan ana margi
Ndhang cepeta tekan griya kang utama

Pangkur

Becike wanita tama
Sabaya pati lan sabaya mukti
Mubra-mubru rinten dalu
Bekti marang kang garwa
Uga wajib mendhem jero mikul dhuwur
Ala becik ing plakrama
Iku satining mring laki

Catur wulang Sunan Drajat
Weneh teken wong kang wuta dhuh kaki
Weneh pangan wong kang luwe
Weneh sandhang kang wuda
Keleksanan luhuring badan satuhu
Weneh iyup kang kudanan
Sampurnaning ngelmu iki

Asmaradana
Surtikanthi kang nglamlami
Putri Prabu Salya nata
Setyawati kang biyunge
Lelambangane wanodya
Gandes luwes ing raga
Alus ririh rereh ruruh
Kagarwa dipati Karna

Shinta pepujaning ati
Kang cinidra Dasamuka
Ing endi paran margane
Ingsun dawuh mring Anoman
Myang Ngalengka diraja
Wusana pawartinipun
Shinta nengga kanthi setya

Ceritane yayah wibi
Aku iki kang juwita
Ya kang ayu wenku dhewe
Aku uga duwe kangmas
Tundhone dadya beda
Bedanya bagus lan ayu
Kedhana-kedhini aran

Tidak ada komentar: