Kamis, 30 Oktober 2008

Dayane Asmaradana

Dhuh, kaya ngapa rasane yen lagi nandang wuyung? Ya rasakna dhewe,iya ta?
Ora nyana tembang Asmaradana kang tak gawe sasi kepungkur pranyata ana dayane, ana gunane. Wis pokoke tok cer.
Seni tembang ing kabudayan Jawa kuwi ngandut unsur-unsur estetis, etis, lan historis. Estetis, jlentrehe tembang kuwi nyenengake lan migunani. Nyenengake pikiran kang lagi sedhih lan judheg supaya swasanane dadi ayem tentrem. Etis, kuwi ngenani bab tata krama, unggah-ungguh, budi pekerti, wulangan, wejangan, wedharan, pernatan, lan duga prayoga. Lan historis, kuwi ngenani sejarah. Sejarah kuwi minangka kaca benggala utawa cermin kehidupan.
Asmaradana kuwi salah sawijining jinising tembang kang nggegambarake swasana sedhih, katresnan (cinta asmara). Aku dhewe ya kaya setengah sadar. Nanging ya sadar. Ya tak pikir. Tak wolak-walik tembung-tembungku. Tak urek-urek kertasku. Tak golak-goleki tembung kang mathuk, gathuk. Ya ngene dadine:

Kurang apa aku iki,
anglabuhi rasa tresna,
wigatenku banget gedhe,
marang sliramu ing kana,
tresnaku jroning dhadha,
marang sliramu wong bagus,
rina wengi kang tak puja.


Tembang kuwi nuli tak kirim marang salah sawijing wong bagus ing kana. Kayane aku melas banget ya? Mengemis cinta pada seorang pria. Nanging ora dadi masalah, iya ta? Tak kira dheweke ora ngerti kang tak karepake. Awit ing panggraitaku dheweke ki cah teknik. Ya mbok menawa uthek-utheke ya rumus-rumus tok kuwi lah. Apa maneh dheweke ki cah teknik sipil. Ya senengane ublak-ublak semen cor-coran, bata, pralon, wesi, lan dulur-dulure. Ananging ya ora dinyana,ora tak kira.Tilpun tak angkat.
"Dik, kamu serius?"
"Ya Bang."

Hehehe.....BERHASIL......BERHASIL...........

NB:Boleh percaya, boleh tidak.
Boleh dicopy, boleh tidak.
Boleh dicoba, boleh tidak.
Santai.................. :)